Sabtu, 12 Oktober 2019


KEPRIYE

Kepriye anggonku mangerti,
Marang sesanti kang dijiret pati.
Kepriye anggonku bisa nerima,
Yen tan ana warata marang sira.
Kepriye anggonku nggayuh,
Kamangka kabeh sampyuh ora weruh.
Aku kudu kepriye?
Supaya aku tekan
Tekan marang krenteging nalar
Supaya aku ngerti
Ngerti marang sejatining mati
Aku durung ketemu
Ning ngendi sejatining lakuku.

Boyolali, Choiriyah 12/Juli/2019


PEDHUT

Nalika teka ing wayah sore,
Sumilir angin ngawe-awe,
Gegodhongan endah sinawang kembang mawar arum,
Sumekar ngandhar-andhar,
Nanging, Jinarag tumeka mendung peteng angiket,
Suket-suket mlayu tumuju ron-roning werna wungu,
Kumleyang layangan ireng ning nduwuring areng,
Peteng. Pedhut anteng bebareng kareping wening.
Muspra ilang tanpa daya.
Mabur lebur tanpa ulur.
Sepi nyenyet tanpa mantra.
Wela-wela ilang blaka.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

lets join