KEPRIYE
Kepriye
anggonku mangerti,
Marang
sesanti kang dijiret pati.
Kepriye
anggonku bisa nerima,
Yen
tan ana warata marang sira.
Kepriye
anggonku nggayuh,
Kamangka
kabeh sampyuh ora weruh.
Aku
kudu kepriye?
Supaya
aku tekan
Tekan
marang krenteging nalar
Supaya
aku ngerti
Ngerti
marang sejatining mati
Aku
durung ketemu
Ning
ngendi sejatining lakuku.
Boyolali, Choiriyah 12/Juli/2019
PEDHUT
Nalika
teka ing wayah sore,
Sumilir
angin ngawe-awe,
Gegodhongan
endah sinawang kembang mawar arum,
Sumekar
ngandhar-andhar,
Nanging,
Jinarag tumeka mendung peteng angiket,
Suket-suket
mlayu tumuju ron-roning werna wungu,
Kumleyang
layangan ireng ning nduwuring areng,
Peteng.
Pedhut anteng bebareng kareping wening.
Muspra
ilang tanpa daya.
Mabur
lebur tanpa ulur.
Sepi
nyenyet tanpa mantra.
Wela-wela
ilang blaka.